Enggal Ngatona Cah Ayu



꧁ꦌꦔ꧀ꦒꦭ꧀ꦔꦠꦺꦴꦤꦕꦃꦄꦪꦸ꧂


Ènggal ngatona cah ayu

꧋ꦢꦼꦭꦼꦔꦼꦤ꧀ꦏꦲꦺꦫꦼꦩ꧀ꦧꦸꦭꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦪꦸ꧈
Delengen kaé rembulan wis katon sayu
꧋ꦏꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦔꦼꦤꦶꦔꦸꦗꦶꦮꦠꦺꦌꦱꦼꦩꦸ꧈
Kang tansah ngangeni ngujiwaté èsemu
꧋ꦏꦪꦩꦔꦽꦠꦺꦤꦾꦥꦱꦶꦁꦢꦏ꧀ꦫꦰꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈
Kaya mangretèni apa sing dakrasa jroning kalbu

꧋ꦌꦔ꧀ꦒꦭ꧀ꦔꦠꦺꦴꦤꦕꦲꦪꦸ꧈

Ènggal ngatona cah ayu

꧋ꦢꦼꦭꦼꦔꦼꦤ꧀ꦏꦲꦺꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦥꦝꦒꦼꦒꦺꦴꦗꦺꦒꦤꦩ꧀ꦧꦭꦁꦭꦶꦫꦶꦁ꧈ Delengen kaé lintang padha gegojègan mbalang liring
ꦏꦪꦩꦔꦽꦠꦺꦤꦷꦱꦶꦤꦺꦝꦝꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦱꦶꦤꦟ꧀ꦝꦶꦁ꧈ Kaya mangretèni isiné dhadha péngin sinandhing

꧋ꦌꦔ꧀ꦒꦭ꧀ꦔꦠꦺꦴꦤꦕꦲꦪꦸ꧈

Ènggal ngatona cah ayu

ꦅꦁꦥ꧀ꦭꦠꦫꦤꦺꦴꦩꦃꦮꦸꦱ꧀ꦏꦼꦧꦏ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦁꦩ꧀ꦭꦛꦶ Ing plataran omah wus kebak kembang mlathi
꧋ꦏꦁꦢꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦫꦶꦁꦠꦼꦭꦼꦔꦺꦄꦠꦶ꧈ Kang daktandur ing telengé ati ꧋ꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦩꦥꦒ꧀ꦠꦼꦏꦤꦺꦗꦚ꧀ꦗꦶ
Kanggo mapag tekané janji
꧋ꦧꦏꦭ꧀ꦤꦾꦮꦶꦗꦶꦔꦤ꧀ꦠꦶꦠꦸꦩꦼꦏꦤꦶꦁꦥꦠꦶ꧈ Bakal nyawiji nganti tekaning pati

꧋ꦌꦔ꧀ꦒꦭ꧀ꦔꦠꦺꦴꦤꦕꦲꦪꦸ꧈

Ènggal ngatona cah ayu

ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦏꦥꦁꦮꦸꦱ꧀ꦱꦩꦼꦧꦾꦫ꧀ Godhong kapang wus sumebyar ꧋ꦔꦼꦧꦏꦶꦗꦒꦢ꧀ꦒꦸꦩꦼꦭꦫ꧀
Ngebaki jagad gumelar
ꦄꦗꦩꦟ꧀ꦝꦼꦒ꧀ꦩꦪꦸꦁꦏꦼꦧꦏ꧀ꦥꦤꦾꦮꦁ
Aja mandheg mayung kebak panyawang
꧋ꦏꦫꦼꦧꦺꦤꦠꦾꦺꦴꦫꦱꦸꦩꦼꦭꦁ꧉
Karebén ati ora tansah sumelang
✮✮✮✮✮✮✮

Postingan populer dari blog ini

WÊWADINING RASA ( Purwaka, Pèngêt lan Pramayoga)

꧁ꦫꦸꦩꦱ꧂BAB Ⅳ * RUMASA

BAB Ⅲ * LARANING LUPUT LAN KAPÉNAKING BÊNÊR