Postingan

Menampilkan postingan dari 2016

Enggal Ngatona Cah Ayu

Gambar
꧁ꦌꦔ꧀ꦒꦭ꧀ꦔꦠꦺꦴꦤꦕꦃꦄꦪꦸ꧂ Ènggal ngatona cah ayu ꧋ꦢꦼꦭꦼꦔꦼꦤ꧀ꦏꦲꦺꦫꦼꦩ꧀ꦧꦸꦭꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦪꦸ꧈ Delengen kaé rembulan wis katon sayu ꧋ꦏꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦔꦼꦤꦶꦔꦸꦗꦶꦮꦠꦺꦌꦱꦼꦩꦸ꧈ Kang tansah ngangeni ngujiwaté èsemu ꧋ꦏꦪꦩꦔꦽꦠꦺꦤꦾꦥꦱꦶꦁꦢꦏ꧀ꦫꦰꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈ Kaya mangretèni apa sing dakrasa jroning kalbu ꧋ꦌꦔ꧀ꦒꦭ꧀ꦔꦠꦺꦴꦤꦕꦲꦪꦸ꧈ Ènggal ngatona cah ayu ꧋ꦢꦼꦭꦼꦔꦼꦤ꧀ꦏꦲꦺꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦥꦝꦒꦼꦒꦺꦴꦗꦺꦒꦤꦩ꧀ꦧꦭꦁꦭꦶꦫꦶꦁ꧈ Delengen kaé lintang padha gegojègan mbalang liring ꦏꦪꦩꦔꦽꦠꦺꦤꦷꦱꦶꦤꦺꦝꦝꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦱꦶꦤꦟ꧀ꦝꦶꦁ꧈ Kaya mangretèni isiné dhadha péngin sinandhing ꧋ꦌꦔ꧀ꦒꦭ꧀ꦔꦠꦺꦴꦤꦕꦲꦪꦸ꧈ Ènggal ngatona cah ayu ꦅꦁꦥ꧀ꦭꦠꦫꦤꦺꦴꦩꦃꦮꦸꦱ꧀ꦏꦼꦧꦏ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦁꦩ꧀ꦭꦛꦶ Ing plataran omah wus kebak kembang mlathi ꧋ꦏꦁꦢꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦫꦶꦁꦠꦼꦭꦼꦔꦺꦄꦠꦶ꧈ Kang daktandur ing telengé ati ꧋ꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦩꦥꦒ꧀ꦠꦼꦏꦤꦺꦗꦚ꧀ꦗꦶ Kanggo mapag tekané janji ꧋ꦧꦏꦭ꧀ꦤꦾꦮꦶꦗꦶꦔꦤ꧀ꦠꦶꦠꦸꦩꦼꦏꦤꦶꦁꦥꦠꦶ꧈ Bakal nyawiji nganti tekaning pati ꧋ꦌꦔ꧀ꦒꦭ꧀ꦔꦠꦺꦴꦤꦕꦲꦪꦸ꧈ Ènggal ngatona cah ayu ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦏꦥꦁꦮꦸꦱ꧀ꦱꦩꦼꦧꦾꦫ꧀ Godhong kapang wus sumebyar ꧋ꦔꦼꦧꦏꦶꦗꦒꦢ꧀ꦒꦸꦩꦼꦭꦫ꧀ Ngebaki jagad gumelar ꦄꦗꦩꦟ꧀ꦝꦼꦒ꧀ꦩꦪꦸꦁꦏꦼꦧꦏ꧀ꦥꦤꦾꦮꦁ Aja mandheg mayung kebak panyawang ...

꧁ꦫꦸꦩꦱ꧂BAB Ⅳ * RUMASA

Gambar
BAB Ⅳ * RUMASA * Rumasa iku plawangan marang: BÊNÊRING BÊNÊR. RUmasa iku karêpé: mêruhi luputé utawa cacadé dhéwé.  Kaluputan utawa cacad iku mêsthi kabañjur kêlantur-lantur, YÈN ORA DIBÊNÊRAKÉ utawa DIOWAHI. mBênêraké utawa ngowahi iku ora bisa klakon, yèn ora kanthi NIYAT. Niyat iku ora bakal ana sadurungé RUMASA.  Sêpi saka rumasa: wuk tanpa dadi (ora bakal kalêksanan).  Mêruhi kaluputan utawa cacad, bisané gênah mung yèn kanthi TLATÈN LAN NASTITI.  Dadi: niyat mêruhi luputé, kanthi tlatèn lan nastiti, iku sangu angka Ⅰ tumrap wong ngudi kawruh kasunyatan. Saya kasdu lan tlatèn, tansaya cukup sangungé. Koxok baliné: xaya kurang rumasané, ndadèkaké kurang tlatèné.  Marsudi gêdhéné rumasa, apa déné kasdu lan tlåtèné nggolèki kaluputané, prayoga diprêlokaké bangêt, supaya AJA NGANTI KURANG CUKUP.  Manungsa yèn niyat kanthi têmên-têmên marsudi kawruh kasunyatan, iku pagawéyané kang ajeg: PRAYITNA lan AWAS ngulat-ulataké KARÊPÉ ing sabên d...

BAB Ⅲ * LARANING LUPUT LAN KAPÉNAKING BÊNÊR

BAB Ⅲ * LARANING LUPUT LAN SIKSANING DOSA * Laraning luput aranë: PANANDJANG Kêpénaking bênêr arané: GAÑJARAN Bênêr lan luput dalah kapénak lan larané, ka-aranan: KARMA, kang atêgês PANGGAWÉ lan UWOHING panggawé. Ngrumangsani luput tuwin ngakoni bênêring pangadilan, arané: panarima, têmbungé Arab: ridhå, Iku tumraping ati tumrap pangadilan kodrat. Yèn katêmbungaké nganggo basa melayu: "Sikap hati terhadap pada keadilan kodrat". Ridhå iku kang nyirnakaké panganggêp: SIKSA marang panandhang, nêtêpaké: KAPRÊLUWAN. Iya ridhå iku kang nyirnakaké panandhang ing ati, marga traping ati SARUJUK lan lakuning pangadilan. Pamarsudi marang: BÊNÊR, nyuda marang kèhing kaluputan. Katêmuning BÊNÊR mahanani: padhang lan kasantosan, yaiku kalêpasan lan kamardikan. Wong ngrêsula, ngêsah, manglah, sambat mèri lan sapanunggalané, iku asal saka: ora sarujuking traping ati karo êmpaning pangadilan. Kabèh iku ngêmu rasa: GUGAT marang êmpaning kodrat, déning dirasa ora adil. Tariké manèh: n...

BAB Ⅱ * ORA KÊPÉNAKING LUPUT UTAWA SIKSANING DOSA

BAB Ⅱ * ORA KÊPÉNAKING LUPUT UTAWA SIKSANING DOSA * Ngrumangsani luput utawa rêgêd iku lèrègé marang paniti priksa adiling kodrat. Paniti priksa marang adiling kodrat lèrègé marang paniti priksa ing luputé dhéwé, kang aran ngrumangsani. Yén nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, èlinga baé yèn iku: jaban, ora dadi barang barêng tumrap: jêron. Mungguh bab lasé: sanajan gununga njêblug lan pêranga bratayuda pisan, iya njaban. Anané ora kêpénak marga luput, luputé: marga lali ing dhuwur iku. Yèn nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, èlinga yèn kang ora ngêpénakaké ati iku iya PANGGAWÉNING ATINÉ DHÉWÉ. dudu: SING ANA SAJABANING ATI.Yèn dhasar batiné bênêr lan rêsik têmênan, mokal ora kêpénak. Mungguh rêsik mau ana rêsik tumrap: Jaban, ana rêsik tumrap: Jêron. Yèn nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, èlinga yèn anané siksa saka dosa. Liré: anané ora kêpénak saka luput. Mokal mênawa ora marga dosa, utawa: mokal ana ora kêpénak marga bênêr lan rêsik. Ora susah adoh-adoh nglulur ...

BAB Ⅰ * ANANÉ SWARGA LAN NARAKA *

BAB Ⅰ * ANANÉ SWARGA LAN NARAKA Ngrasakaké utawa ngèlingi, marang kabêcikané Pangéran, iku arané: wêruh ing kasukuran. Ngrasakaké utawa ngèlingi marang kabêcikané sapadha-padhané tumitah, iku aran: wêruh ing panarima. Wêruh ing kasukuran, têgêsé: sêmbah nuwun marang Pangéran. Wêruh marang panarima, têgêsé: ngrumangsani tampa kabêcikaning liyan. Wêruh ing kasukuran iku kosok baliné: manglah, ngêluh, ngêsah, ngrêsula sapanunggalané. Wêruh ing panarima iku kosok baliné: munêk-munêk, pêgêl, muring, lan sapanunggalané. Wêruh ing panarima lan wêruh ing kasukuran iku kêrêp waé lira-liru, sabab karo pisan atêgês NGRUMANGSANI TAMPA KABÊCIKAN. Manglah, ngêluh utawa ngrêsula iku ngêmu rasa ORA ADIL marang pêpêsthèning Pangéran kang tumiba ing awaké. Munêk-munêk pêgêl utawa muring iku atêgês ORA NGANGGÊP ADIL marang panggawéning liyan kang tumiba ing awaké. Titikané wong kang wis déwasa MANUNGSANÉ SÊJAṬI, iku: 1. Yèn kêrêp ngrasakaké kasukuran, arang ngrêsulané. 2. Yèn kêrêp ngrasakaké k...

WÊWADINING RASA ( Purwaka, Pèngêt lan Pramayoga)

PURWAKA Layang WÊWADINING RASA iki jangkêpané layang JATIMURTI, kang wis naté katêrbitaké déning Toko TAN KHOEN SWIE ing Kêdiri, sèkêt taunan kapungkur. Wijudé cap-capan nganggo aksara jawa, saiki katêdhak mawa aksara Latin, supaya têbané luwih ombèr. Sarèhné isiné bab RASA, dadi ya wis samêsthiné yèn rinasaaké klawan wêninging ati. Mula sadurungé maos wêdharan iki,prayoga nyatitèkaké PRMAYOGA né sing yasa layang iki. Surabaya, 1 Syawal 1985 Masèhi. Penerbit: Yayasan DJOJOBOJO Surabaya "PÈNGÊT SAKING INGKANG DAMÊL SÊRAT PUNIKA" 1.Sabên nêmbé kawaos, kasinggahna, ampun kasèlèhakên sa1nggon-ênggon. 2.Ampun kawaos sok tiyanga, ngêmungna ingkang rêmên saèstu ngudi kawruh Kabatosan. 3.Ingkang sampun maos, sanajan mangrêtos sarta rêmêna ampun kaanggé ngêndikan kaliyan sadhéngah tiyang. Sintên ingkang kêrsa nêtêpi pêpèngêt ing nginggil punika, kalêbêt nama mundhi utawi ngluhurakên kabatosanipun piyambak. "PAMRAYOGA KANG GAWÉ LAYANG IKI Dhisik diwaca grambyangan. Di...

JATINING KAMULYAN

"Kang aran mulya mono dudu pêrkara sugihing bandha... Dudu pêrkara kêbak lan ungguling pangrêtèn... Uga dudu pêrkara luhuring drajad lan sêmat. Nanging... Kang aran mulya mono mapan ing mêmanising ati kang mijil saka rasa trêsna asih mring sapadha-padhaning ngaurip jinurung rasa bêkti mring Gusti"