BAB Ⅲ * LARANING LUPUT LAN KAPÉNAKING BÊNÊR

BAB Ⅲ * LARANING LUPUT LAN SIKSANING DOSA *

  • Laraning luput aranë: PANANDJANG
  • Kêpénaking bênêr arané: GAÑJARAN
  • Bênêr lan luput dalah kapénak lan larané, ka-aranan: KARMA, kang atêgês PANGGAWÉ lan UWOHING panggawé.
    • Ngrumangsani luput tuwin ngakoni bênêring pangadilan, arané: panarima, têmbungé Arab: ridhå, Iku tumraping ati tumrap pangadilan kodrat. Yèn katêmbungaké nganggo basa melayu: "Sikap hati terhadap pada keadilan kodrat".
    • Ridhå iku kang nyirnakaké panganggêp: SIKSA marang panandhang, nêtêpaké: KAPRÊLUWAN.
    • Iya ridhå iku kang nyirnakaké panandhang ing ati, marga traping ati SARUJUK lan lakuning pangadilan.
    • Pamarsudi marang: BÊNÊR, nyuda marang kèhing kaluputan.
    • Katêmuning BÊNÊR mahanani: padhang lan kasantosan, yaiku kalêpasan lan kamardikan.
    • Wong ngrêsula, ngêsah, manglah, sambat mèri lan sapanunggalané, iku asal saka: ora sarujuking traping ati karo êmpaning pangadilan.

      Kabèh iku ngêmu rasa: GUGAT marang êmpaning kodrat, déning dirasa ora adil.

      Tariké manèh: nganakaké pambêngkah, nêpsu, muring, pêgêl, anyêl, mangkêl, njontong, kêsuh, lara ati, masgul, gêthing, éwa, gêla, cuwa, panas ati lan sapanunggalané. Iku kabèh kalêbu anak putuning luput. sanajan ora atêgês GUGAT marang pangadilan, nanging luput ênggoné ORA WÊRUH KLÈRUNING ATINÉ DHÉWÉ ing wêktu iku. Sabañjuré: sanajan kang mung nggêgês, ngêrês, trênyuh, kêduwung, maras, giris, gila, kagèt, lan sapanunggalané, rèhné iku UWOHING LARA, mangka lara iku olèh-olèhaning luput, dadi têtéla ya asal saka luput, kang wis ora kasumurupan asal-usulé

      *******

Postingan populer dari blog ini

WÊWADINING RASA ( Purwaka, Pèngêt lan Pramayoga)

꧁ꦫꦸꦩꦱ꧂BAB Ⅳ * RUMASA