꧁ꦫꦸꦩꦱ꧂BAB Ⅳ * RUMASA

BAB Ⅳ * RUMASA *


  • Rumasa iku plawangan marang: BÊNÊRING BÊNÊR.
  • RUmasa iku karêpé: mêruhi luputé utawa cacadé dhéwé. 
  • Kaluputan utawa cacad iku mêsthi kabañjur kêlantur-lantur, YÈN ORA DIBÊNÊRAKÉ utawa DIOWAHI.
  • mBênêraké utawa ngowahi iku ora bisa klakon, yèn ora kanthi NIYAT.
  • Niyat iku ora bakal ana sadurungé RUMASA. 
  • Sêpi saka rumasa: wuk tanpa dadi (ora bakal kalêksanan). 
  • Mêruhi kaluputan utawa cacad, bisané gênah mung yèn kanthi TLATÈN LAN NASTITI. 
  • Dadi: niyat mêruhi luputé, kanthi tlatèn lan nastiti, iku sangu angka Ⅰ tumrap wong ngudi kawruh kasunyatan.
  • Saya kasdu lan tlatèn, tansaya cukup sangungé. Koxok baliné: xaya kurang rumasané, ndadèkaké kurang tlatèné. 
  • Marsudi gêdhéné rumasa, apa déné kasdu lan tlåtèné nggolèki kaluputané, prayoga diprêlokaké bangêt, supaya AJA NGANTI KURANG CUKUP. 
  • Manungsa yèn niyat kanthi têmên-têmên marsudi kawruh kasunyatan, iku pagawéyané kang ajeg: PRAYITNA lan AWAS ngulat-ulataké KARÊPÉ ing sabên dina. Aja mêngêng ênggoné ANGON KARÊP, aja wéya anghoné njingglêng thukuling niyat. 
  • YA ANGON KARÊP LAN NJINGGLÊNG NIYAT iku kang aran kasdu tlatèn mbênêraké luputé utawa ngowahi cacadé.
  • Angon lan ñjingglêng mau cêkaké: nêtêpi abon-aboning panêmbah kanggo ing rina wêngi.
  • Saya têtêp panganggoning abon-aboning panêmbah, saya sisip lalamuk lan rêrêgêdé. Saya suda kaluputané, utawa cacadé, saya ñyêdhaki marang nugraha ( sipat kapangéranan). Mripat kang katutupan blolok kandêl, katoné: jagad iki pêtêng kêbak lêlamuk kaya pêdhut.
  • Ora wêruhing mripat marang padhangé srêngéngé iku, marga katèmplèkan ing rêrêgêd kang aran blolok mau. 
  • Upama pikiran NGANDÊL baé marang mripaté, iku mujudaké KALUPUTAN RANGKÊP, yaiku: 
  • kang kapisan: ênggoné nêtêpaké yèn jagad iku pêtêng kêbak lêlamuk. 
  • Kapindho: ênggoné ora wêruh ana blolok ibg mripaté
    Pikiran kang prêcaya båé marang mripat kang ngapusi mangkono iku, dadiya gambarané wong kang ora RUMASA. 
  • Ênggoné nêtêpaké PÊTÊNG marang jagad, iku nunggal têgês karo ênggoné nêtêpaké: TANPA RÊRÊGÊD ing mripaté. Katêtêpan rong prakara kang luput iku mau, bisa NYIRNAKAKÉ NIYAT ngrêsiki rêrêgêd. Dadi xangu angka Ⅰ, tumtapé wong ngudi padhanging mripaté kang blolokên iku têgêsé:






  • * NGAKONI ANANING BLOLOK ING MRIPAT sarta NIYAT NGRÊSIKI BLOLOK *
    Pangambu, pangrungu, pangrasa ilat lan pangrasa badan, ya sok ngapusi kaya si-pandulu, samangsa kanggonan rêrêgêd utawa lêlara.
    Kang mangkono iku yèn pikiran KÈLU, bisa mujuḍaté KALUPUTAN RANGKÊP tumrap pikiran. 
    Ing dhuwur iku kanggo pêpindhan: SUKMA yèn kèlu marang pañcandriya (angên-angên lan rahsa).
    Suksma upamakna: pikiran. Mripat upamakna: amgên-angên lan rahsa. Hawa nêpsu minangka blolok. Rêrêgêd utawa lêlaraning pañcandriya marakaké ORA WÊRUH marang kasuñyatan, kayadéné Si pandulu anggoné ora wêruh marang padhanging srêngéngé. Kang mangkono iku yèn sukma NGANDÊL BAÉ (kèlu) marang angên-angên lan rahsané, ndadèkaké kabodhohan rangkêp, yaiku:

  • Kang sapisan ênggoné ora mêruhi ( ora prêcaya) marang kasuñyatan. 
  • Kaping pindho ênggoné ora mêruhi ( ora ngakoni) marang rêrêgêd utawa lêlara kang dumunung ing angên-angên lan rahsané. Wasana banjur nêtêpaké yèn padhanging kasuñyatan panèn ORA ANA sarta dhèwèké ORA RÊGÊD.





  • Ngakoni utawa mêruhi rêrêgêding angin-angin lan rahsa mau BISANÉ TÊRANG, yèn kanthi tlatèn lan nastiti sajroning kaênêngan ( rêsik). Saya tlatèn lan nastiti, tansaya têrang marang luputing angên-angên apadéné cacading rahsané. Saya awas lan prayitna ênggoné ñjingglêng kaniyatané, tansaya suda sisip rêrêgêdé, ndadèkaké saya truwaca tingaling rahsané.

    Mripat kang ora bisa wêruh salawasé marang padhanging srêngéngé, sisêbut wuta. kang bisa wêruh ḍiarani ndulu.
    * Ndulu iku bêja, wuta iku apês *
    Liré wêruh kasuñyatan iku SIRNA KALUPUTAN LAN LÊLARANING PAÑCANDRIYA, sirnané mau ndadèkaké truwacané suksmané marang kasuñyatan.
    Liré, wuta marang kasuñyatan iku ora bisa ndulu salawasé marang kasunyatan,marga pañcandriyané nandhang lara utawa kêbak rêrêgêd ( hawa nêpsu), kang banjur ora bisa ndulu.
    Mangkono iku yèn rinasa-rasa, t1tala: wuta tumrap kasuñyatan iku kêna katêmbungaké wutaning wuta, liré: luwih wuta tinimbang wutaning mripat wiwit lair. Awit: wuta marang srêngéngé iku mung sêdhéla, tur tumrap prêkara sêpélé. Bålik wuta marang kasuñyatan, iku bangêt lawasé, tur tumrap prakara prêluning prêlu. 

  • Manungsa kang NGAKU marang ananing kasuñyatan, sarta ênggoné ora wêruh iku diakoni MARGA SAKA RÊRÊGÊD LAN LÊLARANING ANGÊN-ANGÊN LAN RAHSANÉ, manungsa kang mangkono wis éwoning rumasa. Saka dayaning rumasa mau, bisa thukul NIYATÉ nggolèki kaluputané utawa rêrêgêdé. Déné TLATÈNÉ lan NASTITINÉ gumantung ing KASDUNÉ, yaiku: BANTÊRING NIYAT.
    *******
    Ana candhaké.. 


















  • Postingan populer dari blog ini

    WÊWADINING RASA ( Purwaka, Pèngêt lan Pramayoga)

    BAB Ⅲ * LARANING LUPUT LAN KAPÉNAKING BÊNÊR