BAB Ⅰ * ANANÉ SWARGA LAN NARAKA Ngrasakaké utawa ngèlingi, marang kabêcikané Pangéran, iku arané: wêruh ing kasukuran. Ngrasakaké utawa ngèlingi marang kabêcikané sapadha-padhané tumitah, iku aran: wêruh ing panarima. Wêruh ing kasukuran, têgêsé: sêmbah nuwun marang Pangéran. Wêruh marang panarima, têgêsé: ngrumangsani tampa kabêcikaning liyan. Wêruh ing kasukuran iku kosok baliné: manglah, ngêluh, ngêsah, ngrêsula sapanunggalané. Wêruh ing panarima iku kosok baliné: munêk-munêk, pêgêl, muring, lan sapanunggalané. Wêruh ing panarima lan wêruh ing kasukuran iku kêrêp waé lira-liru, sabab karo pisan atêgês NGRUMANGSANI TAMPA KABÊCIKAN. Manglah, ngêluh utawa ngrêsula iku ngêmu rasa ORA ADIL marang pêpêsthèning Pangéran kang tumiba ing awaké. Munêk-munêk pêgêl utawa muring iku atêgês ORA NGANGGÊP ADIL marang panggawéning liyan kang tumiba ing awaké. Titikané wong kang wis déwasa MANUNGSANÉ SÊJAṬI, iku: 1. Yèn kêrêp ngrasakaké kasukuran, arang ngrêsulané. 2. Yèn kêrêp ngrasakaké k...