Brangta Jatining Tresna



BRANGTA JATINING TRĚṢṆA
Tanpa sangkan těkaning rasa
Rangu datan biṣa naběti ati
Ěněr jroning batin nyawiji tumata
Sayěkti kasětyan rinukti janji
Nadyan mangsa tan kěṇḍat lumakwa
Aja lalis laksitaning darma utami
Sapa ngira sapa nyana
Aran trěsna tan bisa éṇḍa
Jlěg makjegagig lir těkaning prahara
Anèng driya rinasa tanpa kaṇḍa
Tiněmu ing jatining nala
Idan ngrantu usadaning brangta.
Déning: Wong Turian
Turian, 26 / 05 / 2018

Postingan populer dari blog ini

WÊWADINING RASA ( Purwaka, Pèngêt lan Pramayoga)

꧁ꦫꦸꦩꦱ꧂BAB Ⅳ * RUMASA

BAB Ⅲ * LARANING LUPUT LAN KAPÉNAKING BÊNÊR