꧁ꦫꦸꦩꦱ꧂BAB Ⅳ * RUMASA
BAB Ⅳ * RUMASA * Rumasa iku plawangan marang: BÊNÊRING BÊNÊR. RUmasa iku karêpé: mêruhi luputé utawa cacadé dhéwé. Kaluputan utawa cacad iku mêsthi kabañjur kêlantur-lantur, YÈN ORA DIBÊNÊRAKÉ utawa DIOWAHI. mBênêraké utawa ngowahi iku ora bisa klakon, yèn ora kanthi NIYAT. Niyat iku ora bakal ana sadurungé RUMASA. Sêpi saka rumasa: wuk tanpa dadi (ora bakal kalêksanan). Mêruhi kaluputan utawa cacad, bisané gênah mung yèn kanthi TLATÈN LAN NASTITI. Dadi: niyat mêruhi luputé, kanthi tlatèn lan nastiti, iku sangu angka Ⅰ tumrap wong ngudi kawruh kasunyatan. Saya kasdu lan tlatèn, tansaya cukup sangungé. Koxok baliné: xaya kurang rumasané, ndadèkaké kurang tlatèné. Marsudi gêdhéné rumasa, apa déné kasdu lan tlåtèné nggolèki kaluputané, prayoga diprêlokaké bangêt, supaya AJA NGANTI KURANG CUKUP. Manungsa yèn niyat kanthi têmên-têmên marsudi kawruh kasunyatan, iku pagawéyané kang ajeg: PRAYITNA lan AWAS ngulat-ulataké KARÊPÉ ing sabên d...