BAB Ⅰ * ANANÉ SWARGA LAN NARAKA *
BAB Ⅰ * ANANÉ SWARGA LAN NARAKA
Ngrasakaké utawa ngèlingi, marang kabêcikané Pangéran, iku arané: wêruh ing kasukuran. Ngrasakaké utawa ngèlingi marang kabêcikané sapadha-padhané tumitah, iku aran: wêruh ing panarima. Wêruh ing kasukuran, têgêsé: sêmbah nuwun marang Pangéran. Wêruh marang panarima, têgêsé: ngrumangsani tampa kabêcikaning liyan.
Wêruh ing kasukuran iku kosok baliné: manglah, ngêluh, ngêsah, ngrêsula sapanunggalané. Wêruh ing panarima iku kosok baliné: munêk-munêk, pêgêl, muring, lan sapanunggalané. Wêruh ing panarima lan wêruh ing kasukuran iku kêrêp waé lira-liru, sabab karo pisan atêgês NGRUMANGSANI TAMPA KABÊCIKAN.
Manglah, ngêluh utawa ngrêsula iku ngêmu rasa ORA ADIL marang pêpêsthèning Pangéran kang tumiba ing awaké. Munêk-munêk pêgêl utawa muring iku atêgês ORA NGANGGÊP ADIL marang panggawéning liyan kang tumiba ing awaké.
Titikané wong kang wis déwasa MANUNGSANÉ SÊJAṬI, iku:
1. Yèn kêrêp ngrasakaké kasukuran, arang ngrêsulané.
2. Yèn kêrêp ngrasakaké kabêcikaning liyan, arang murang-muringé.
Titikané wong kang durung déwasa MANUNGSANÉ SÊJATI, iku:
1. Yèn kêrêp manglah (ngrêsula), arang ngrasa kasukuran.
2. Yèn kêrêp ngèling-èling alaning liyan, arang ngèlingi kabêcikané liyan
Wong kang ngrasakaké kasukuran lan panarima iku ing batin kadunungan ing bêbakalan kang dayané marakaké adhêm lan padhang. Bêbakalan mau kang narik marang ananing swarga.
Wong kulina ngrasakaké pangrêsula lan pamuring iku ing batiné kadunungan ing bêbakalan kang dayané marakaké panas lan pêtêng. Bêbakalan mau kang narik ananing naraka.
Swarga lan Naraka iku sêjatiné: RASA PANGRASA DUDU PANGGONAN.
Swarga iku asal saka RASA kang adhêm. Naraka imu asal saka RASA kang panas lan pêtêng.
Wong kang atiné adhêm lan pådhang: tansah dikinthil ing swarga. Wong kang atiné panas lan pêtêng: tansak dikinthil ing naraka. Rasa adhêm lan padhang apadéné panas lan pêtêng iku arané: alam sahir. Déné Swarga-Naraka iku alam kabir. Dadi alam kabir iku têrusané alam sahir. Têgêsé: têrusané rasa pangrasa.
ANANÉ alam kabir saka sirnané alam sahir. Nanging ênggoné sirna: barêng.
Sadhéngah wong, bisa gawé swarga lan bisa gawé naraka. Swarga gawéyané mau, sing ngrasakaké ya mung sing gawé dhéwé. Sing ora gawé: ora mèlu ngrasakaké.
Naraka gawéyané mau, sing ngrasakaké ya mung sing gawé dhéwé. Sing ora gawé: ora mèlu ngrasakaké.
Wong kang ngalami swarga: ora prêcaya yèn naraka iku ana. Mung swarga kang ana. Awit rumangsané kang ana swarga, ing ngêndi-êndiya: Kaswargan kabèh. Sajagad rad pramudita, diubrêsa: ora tinêmu kang aran naraka. Ora ana ênggon salènging êdom kang ana narakané.
Cêkaké: Awang-uwung kang tanpa watês jêmbaré: isiné kasênêngan kang madhangi ati.
Womg kang ngalami naraka, oraprêcaya yèn swarga iku ana. Mung naraka thok sing dikira ana. Awit rumangsané kang ana ing naraka: ing êndi-êndiya: Kanêrakan kabèh. Sajagad rap pramudita, diubrêsa: ora tinêmu kang aran swarga.
Cêkaké: kmawang-uwung kang tanpa watês jêmbaré: isiné mung rasa panas bingung rungsang lan pêtênfing èngêtan. Isining jagad ora ana kang ora mêmanas lan nusahaké ati. Kabèh kang kumêlip padha agawé susah lan mêmanas sarta mêmêtêngi èngêtan.
Wong kang ngalami swarga, êbggoné ora ngira yèn naraka pancèn ana: iku ora béda kaya déné wong ing ngalam donya. Ênggoné ora prêcaya yèn swarga lan naraka iku ana. Disêngguh mung alam donya thok sing ana.
Awit awang-uwung kang tanpa watês jêmbaré, diubrêsa: ora ana ênggon salènging dom kang ana swargané utawa narakané. Kang ana mung kadonyan thok.
Wong kang ngalami naraka, ênggoné ora prêcaya yèn swarga iku ana: iya ora béda karo wong kang ana ing alam donya: bab ênggoné ora prêcaya yèn alam kaalusan iku ana. Awit sajagad pramudita, diubrêsa: ora tinêmu kang aran alam ka-alusan.
Yèn ana kang takon mangkéné: swarga utawa naraka iku ANA apa ORA, iku: prayogané kang takon dipurih mikir dhisik bab têgêsé: ANA lan ORA ANA, ana têg1sé apa, ora ana têgêsé apa.
Ing kono yèn wis ngrêti têgêsé ANA karo ORA ANA, hla iku lagi bisa mangrêti, yèn swarga iku pancèn ana tumrap kang ngalami. Ora ana: tumrap kang ora ngalami. Naraka iku ana: tumrap kang ngalami. Ora ana: tumrap kang ora ngalami.
Ing ngisor iki dadiya tuladha:
- Swara iku ana apa ora..? Sing duwé pangrungu ngarani: ana. Sing ora duwé pangrungu nêtêpi ora an
- Pêpadhang, rêrupan utawa wêrnan, iku ana apa ora...? Sing duwé pandulu ngarani ana. Sing ora bisa ndulu, ora ngarani ana
- Swarga iku ana apa ora..? Sing duwé raxa padhang lan adhêm ngarani ana. Sing ora duwé rasa padhang lan adhêm ngarani ora ana.
- Naraka iku ana apa ora..? Sing duwé rasa pêtêng lan lara ngarani ana. Sing ora duwé: ora ngarani ana.
- Jagad iku ana apa ora..? Sing duwé èngêtan lan rasa pangrasa ngarani ana. Sing ora duwé èngêtan lan rasa pangraxa ora ngarani ana.
- Pangéran imu ana apa ora..? Sing duwé budi lan rasa: ngarani ana. Sing ora duwé budi lan raxa: ora ngarani ana.
Tuladha liyane:
- Woh pari iku énak apa ora...? Sing doyan ngarani énak. Sing ora doyan ngarani ora énak.
- Si Naya iku bêcik apa ora..? Sing dhêmên ngarani bêcik. Sing gêthing ngarani ala.