BAB Ⅱ * ORA KÊPÉNAKING LUPUT UTAWA SIKSANING DOSA
BAB Ⅱ * ORA KÊPÉNAKING LUPUT UTAWA SIKSANING DOSA *
Ngrumangsani luput utawa rêgêd iku lèrègé marang paniti priksa adiling kodrat.
Paniti priksa marang adiling kodrat lèrègé marang paniti priksa ing luputé dhéwé, kang aran ngrumangsani.
Yén nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, èlinga baé yèn iku: jaban, ora dadi barang barêng tumrap: jêron. Mungguh bab lasé: sanajan gununga njêblug lan pêranga bratayuda pisan, iya njaban.
Anané ora kêpénak marga luput, luputé: marga lali ing dhuwur iku.
Yèn nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, èlinga yèn kang ora ngêpénakaké ati iku iya PANGGAWÉNING ATINÉ DHÉWÉ. dudu: SING ANA SAJABANING ATI.Yèn dhasar batiné bênêr lan rêsik têmênan, mokal ora kêpénak. Mungguh rêsik mau ana rêsik tumrap: Jaban, ana rêsik tumrap: Jêron.
Yèn nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, èlinga yèn anané siksa saka dosa. Liré: anané ora kêpénak saka luput. Mokal mênawa ora marga dosa, utawa: mokal ana ora kêpénak marga bênêr lan rêsik. Ora susah adoh-adoh nglulur dosa kang wis klakon. Dosa saiki baé kang wus karuhan ( nalika lagi ora kêpénak baé). Dosané yaiku: déné dadak ngrasakaké sing gawé ora kêpénak, wong wis gênah ngambah dalan sing ora kêpénak, kok ora nyimpang. Apa iku dudu luput..? Rèhné luput apa ora tampa pasiksané..? Sapa ta sing préntah nglakoni gawé ora kêpénak marang ati mau..? ( ora liya ya awaké dhéwé).
Yèn nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, wis ora susah takon manèh: mêsthi saka lakuning atiné dhéwé sing susah, ( sabab salah pakarti), nyimpang saka bênêring bênêr, yaiku bênêr jêron, dudu: bênêr jaban. Tandhaning salah: kabuktèn ênggoné mujudaké rasa ora kêpénak iku mau.
Yèn nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, mangka ora bisa mupus kaya ing dhuwur mau rèhné angèl: apa ORA BISÅ iku apa dudu kaluputan..? Apa Si ORA BISA utawa Si ANGÈL, arêp dianggo gagaran nyélaki luputé..? Ora wêruh yèn Si ORA BISA lan Si ANGÈL iku wis kalêbu marang luput, têgêsé: iku wêwêngkoning luput, utawa anak putuning luput, dadi kalingané: mung saka DURUNG WÊRUHÉ baé marang luputé. Déné ora wêruh iku iya anak putuning luput manèh.
Yèn nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, aja mung mêruhi: sing ana sajabaning ati, Nanging mêruhana: sing ana sajroning atiné dhéwé ( Aja mung ngèling-èling SING DIRASAK-RASAKAKÉ, nanging ngèlingana: SING DIANGGO ngrasak-ngrasakaké). Yèn nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, takona marang pikiré dhéwé: apa ORA KÊPÉNAK iku maèdahi..? Yèn maèdahi karuwané olèhé sêngkut nandangi. Déné yèn wis dhèngêr: ora maèdahi, mangka têka banjur ditrajang, iku salahé sapa..? Cara jabané baé wis takon mangkéné: sing maèdahi IHTIYARÉ apa GÊLANÉ..? ( Mêsthiné sing maèdahi IHTIYARÉ ).
Yèn nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, yèn durung kêtêmu luputé, ya isih luput anggoné nggolèki, Tandhaning luputé: ya durung bisa nêmokaké sing anjalari ora kêpénaké ati iku.
Yèn nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, mangla têtéla saka luputing liyan ( apa baé kang ana sajabaning ati), lan wis mupakat wong akèh yèn mêsthiné utawa bênêré ora kêpénak ( marga wis lumrah), na. ging èlinga baé yèn iku lagi aran bênêr, durung: bênêring bênêr ( sajatining bênêr) .
Kang tinuju ing layang iki: BÊNÊRING BÊNÊR, ora mung BÊNÊR baé. Bênêr imu mung tumrap jaban. Nanging bênêring bênêr iku tumrap jêron. Yèn mung trima lumrah baé, ora susah mbicara jêron, awit mundhak dipurih kang nggayuh: bênêring bênêr, kang angèling-angèl gayuh-gayuhané.
Yèn nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, nyobaa takon marang budiné dhéwé APA YA RASA JATI MÈLU ORA KÊPÉNAK..? RÈHNÉ WIS BÊNÊR LAN LUMRAH LAN MUPAKAT WONG SAJAGAD..Mêsthi ora ta..?, Awit rasa jati ora mêsthi nganggêp bênêr marang apa baé kang wis dianggêp bênêr dêning angên-angên, lan ora mêsthi nganggêp bêcik marang kang wis dianggêp bêcik déning rahsa.
Yèn nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, èlinga paribasan: "KATRÊSNAN IKU BISA MICAKAKÉ". Ora kêpénak iku asal saka KABOTAN TRÊSNA marang dhiriné. Iku kang micakaké ati. Picaking ati têgêsé: lali yèn dhiriné imu dudu bênêr-bênêring kahanan kang tinuju ing sih katrêsnané kang ngêbaki jagad.
Yèn nêmoni apa-apa kang ora ngêpénakaké ati, AWAKMU TAKONA DHÉWÉ: hé..... pangudi, kétokna gawému, sabab saiki aku lagi nêmoni kang ora kêpénak, Apa gu. ané aku ngudi kawruh batin, yèn sênêngku mung yèn: olèh apa-apa kang lumrahé nyênêngaké, utawa: susah yèn nêmoni kang nusahaké. Yèn mung lung lu rah mangkono baé, ora lèh déné ( tanpa paèdah) anggonku ngudi kawruh kabatinan.
- Sabanjuré nyandhak BAB Ⅲ * LARANING LUPUT LAN KAPÉNAKING BÊNÊR