PURWAKA
Layang WÊWADINING RASA iki jangkêpané layang JATIMURTI, kang wis naté katêrbitaké déning Toko TAN KHOEN SWIE ing Kêdiri, sèkêt taunan kapungkur. Wijudé cap-capan nganggo aksara jawa, saiki katêdhak mawa aksara Latin, supaya têbané luwih ombèr.
Sarèhné isiné bab RASA, dadi ya wis samêsthiné yèn rinasaaké klawan wêninging ati. Mula sadurungé maos wêdharan iki,prayoga nyatitèkaké
PRMAYOGA | né sing yasa layang iki.
Surabaya, 1 Syawal 1985 Masèhi.
Penerbit: Yayasan DJOJOBOJO
Surabaya
"PÈNGÊT SAKING INGKANG DAMÊL SÊRAT PUNIKA"
- 1.Sabên nêmbé kawaos, kasinggahna, ampun kasèlèhakên sa1nggon-ênggon.
- 2.Ampun kawaos sok tiyanga, ngêmungna ingkang rêmên saèstu ngudi kawruh Kabatosan.
- 3.Ingkang sampun maos, sanajan mangrêtos sarta rêmêna ampun kaanggé ngêndikan kaliyan sadhéngah tiyang.
Sintên ingkang kêrsa nêtêpi pêpèngêt ing nginggil punika, kalêbêt nama mundhi utawi ngluhurakên kabatosanipun piyambak.
"PAMRAYOGA KANG GAWÉ LAYANG IKI
- Dhisik diwaca grambyangan.
- Dibalèni saka wiwitan, kanthi alon lan sarèh.
- Yèn wis tamat kapindhoné, disinggahaké. Pamacané kang kaping têlu lan sabañjuré: ora pêrlu urut.
- Sanajan wis tamat ping têlu ping pat, disinggahna. Kanggo simpênan. Wiwitané ora têrang surasané. Nanging yèn kêrêp disinggahaké lan diwaca, titi sarta lêstari pamarsudiné sangsaya lawas sangsaya mundhak têrangé.sinêngkalan:
"KAWRUH RARAS BASUKÈNG TYAS"
Sabanjuré nyandhak ing:
BAB Ⅰ * ANANÉ SWARGA LAN NARAKA *
Postingan populer dari blog ini
BAB Ⅳ * RUMASA * Rumasa iku plawangan marang: BÊNÊRING BÊNÊR. RUmasa iku karêpé: mêruhi luputé utawa cacadé dhéwé. Kaluputan utawa cacad iku mêsthi kabañjur kêlantur-lantur, YÈN ORA DIBÊNÊRAKÉ utawa DIOWAHI. mBênêraké utawa ngowahi iku ora bisa klakon, yèn ora kanthi NIYAT. Niyat iku ora bakal ana sadurungé RUMASA. Sêpi saka rumasa: wuk tanpa dadi (ora bakal kalêksanan). Mêruhi kaluputan utawa cacad, bisané gênah mung yèn kanthi TLATÈN LAN NASTITI. Dadi: niyat mêruhi luputé, kanthi tlatèn lan nastiti, iku sangu angka Ⅰ tumrap wong ngudi kawruh kasunyatan. Saya kasdu lan tlatèn, tansaya cukup sangungé. Koxok baliné: xaya kurang rumasané, ndadèkaké kurang tlatèné. Marsudi gêdhéné rumasa, apa déné kasdu lan tlåtèné nggolèki kaluputané, prayoga diprêlokaké bangêt, supaya AJA NGANTI KURANG CUKUP. Manungsa yèn niyat kanthi têmên-têmên marsudi kawruh kasunyatan, iku pagawéyané kang ajeg: PRAYITNA lan AWAS ngulat-ulataké KARÊPÉ ing sabên d...
BAB Ⅲ * LARANING LUPUT LAN SIKSANING DOSA * Laraning luput aranë: PANANDJANG Kêpénaking bênêr arané: GAÑJARAN Bênêr lan luput dalah kapénak lan larané, ka-aranan: KARMA, kang atêgês PANGGAWÉ lan UWOHING panggawé. Ngrumangsani luput tuwin ngakoni bênêring pangadilan, arané: panarima, têmbungé Arab: ridhå, Iku tumraping ati tumrap pangadilan kodrat. Yèn katêmbungaké nganggo basa melayu: "Sikap hati terhadap pada keadilan kodrat". Ridhå iku kang nyirnakaké panganggêp: SIKSA marang panandhang, nêtêpaké: KAPRÊLUWAN. Iya ridhå iku kang nyirnakaké panandhang ing ati, marga traping ati SARUJUK lan lakuning pangadilan. Pamarsudi marang: BÊNÊR, nyuda marang kèhing kaluputan. Katêmuning BÊNÊR mahanani: padhang lan kasantosan, yaiku kalêpasan lan kamardikan. Wong ngrêsula, ngêsah, manglah, sambat mèri lan sapanunggalané, iku asal saka: ora sarujuking traping ati karo êmpaning pangadilan. Kabèh iku ngêmu rasa: GUGAT marang êmpaning kodrat, déning dirasa ora adil. Tariké manèh: n...
|